Lefi Yuniantika
PASAR TAMANAN
Saben tumiba ing parak esuk
Pitik jago swarane kukuruyuk padha kluruk
Kadangkala keprungu cit-cit cuwit swara manuk
Yayah lan wibi saben dina mangkat menyang Pasar
Tamanan
Papan kanggo golek pakaryan
Gumantungake rejekine ana pasar
Dodolan woh-wohan
Ana jeruk, nanas, semangka, bengkowang
lan klapa parutan kang wis dadi pesenan
Dene lumantar dodolan
Bisa kanggo nyukupi kabutuhan
Yayah lan wibi bisa ngragadi kang putra, nganti
pungkasan luhur pawiyatan
Kang putra amung bisa ngucapake syukur tanpa pepindhan
Datan lali uga golek penggaweyan
Begja-begjane nganti bisa kalaksanan
Pasar Tamanan saben dina dadi seksi
Papan kanggo golek rejeki
Kang kumucur saka Hyang Widhi
Pangajabe mugya pasare ora nate sepi
Amrih bisa njangkepi ekonomi
Karangwaru-Tulungagung, Juni 2023
Lefi Yuniantika
AKU KUDU KEPRIYE?
Sejatine iki rasa apa?
Rasa kang ngambra-ambra jroning nala
Tresna kang banget dakrasakake marang slirane
Senadyan mangkono,
Satemene aku yawis darbe tresna liyane
Tresnaku marang kekarone uga padha gedhene
Aku datan bisa milih siji mbaka sijine
Aku kudu kepriye?
Apa iya kudu sesidheman?
Yen datan pethukan
Netraku tansah tratapan
Nalaku tansah kapang poyang-payingan
Wis datan karu-karuwan
Aku kudu kepriye?
Aku bingung
Aku linglung
Aku suwung
Dhuh… Hyang kang Maha Agung
Tulung paringana pitulung
Marang wakmami kang kebak kemrusung
Karangwaru-Tulungagung, Juni 2023
0 Komentar